Brilio.net - Kemampuan berbahasa Jawa yang baik dan benar tentu sangat penting, apalagi bagi kamu yang asli keturunan Jawa dan sekaligus penduduk asli Jawa. Hal tersebut salah satu cara untuk melestarikan budaya bahasa yang ada di Indonsia, jangan sampai suatu bahasa punah karena minder dengan bahasa daerah tersebut.

Melestarikan bahasa Jawa juga bisa dengan berpidato menggunakan bahasa Jawa loh. Bagaimana cara pidato bahasa Jawa? Simak beberapa ulasan oleh brilio.net dengan berbagai sumber, Kamis (29/9). 

Pengertian pidato bahasa Jawa

Dalam kebudayaan Jawa, istilah pidato dinamakan sesorah yang memiliki arti menyampaikan gagasan atau pendapat di depan banyak orang dengan tujuan tertentu. Inti dari sesorah banyak memiliki kesamaan dengan pidato-pidato lainnya, yang membedakan adalah bahasa pengantar yang dipakai pada penyampaian pidato. Biasanya di daerah kota maupun pedesaan sesorah ini cukup penting adanya dalam perayaan acara 17-an, nikahan, perpisahan sekolah hingga acara-acara budaya lainnya.

Tujuan pidato bahasa Jawa

- Memberikan kesan positif supaya orang lain senang dengan apa yang disampaikan dan semakin membuat orang lain mudah untuk memahami isi pidato.
- Memberikan pemahaman dan informasi terhadap orang lain yang mendengarkan pidato.
- Mempengaruhi si pendengar pidato supaya mengerjakan apa yang disampaikan.

Teknik pidato bahasa Jawa

Dalam mempermudah penyampaian pidato, ada beberapa teknik yang bisa kamu pakai ketika kamu berbicara di depan umum untuk mnyampaikan pidato. berikut teknik pidato :

1. Metode naskah atau teks

Metode ini dilakukan dengan cara pembaca pidato membawa teks pidato bahasa Jawa ke atas mimbar untuk menyampaikan pidato. Cara ini dipakai agar setiap poin-poin yang tertera tidak terlewatkan untuk disampaikan. Namun jangan selalu membaca naskah, perhatikan audience dan mimik wajah.

2. Metode Hafalan

Metode ini dilakukan dengan cara membuat teks pidato dengan menghafalkan teks yang telah dibuat sebelumnya. Baca hingga berulang-ulang hingga kamu hafal dan paham teks pidato yang ingin kamu sampaikan.
Akan tetapi metode ini cukup sulit dipraktekan karena manusia sangat mudah lupa, apalagi ketika berbicara di depan umum.

3. Metode ekstemporan (membuat catatan kecil)

Metode ini dilakukan dengan cara membawa catatan kecil yang berisikan poin-poin dari bahasan pidato bahasa Jawa yang akan disampaikan. Catatan ini berfungsi sebagai pengingat ketika kamu lupa materi yang harus disampaikan berikutnya.

4. Metode dadakan

Metode ini adalah metode yang paling sulit karena tidak semua orang bisa melakukan. Metode ini dilakukan secara spontanitas, maka dari itu hanya orang yang berpengalaman serta memiliki wawasan luas yang dapat menyampaikan pidato bahasa Jawa dengan metode ini.

Struktur pidato bahasa Jawa

1. Salam pembuka
2. Surasa basa (Isi)
3. Wigatine (Kesimpulan)
4. Pengarep-arep (Harapan)
5. Wusana (Penutup)
6. Salam penutup

 

Magang: Feni Listiyani

[crosslink_1]

 

 

Contoh pidato bahasa Jawa, mudah dan ringkas

1. Pidato bahasa Jawa tentang perpisahan

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Nuwun bapak utawi ibu kepala sekolah ingkang Kula hurmati, undangan bapak utawi ibu guru Saha karyawan ingkang kinurmatan. Rencang kelas ingkang kulo tresnani lan kulo banggaken. Monggo kito panjataken dalemipun Gusti Allah ingkang maha agung.

Awit ing wekdal meniko kito taksih diparingi pinaringan sehat sehingga ing dalem puniko Kito saget makempal kanthi pinaringan sehat wal afiat. Kula minangka wakil saking kelas 7 gunging panuwun tanpa upami kangen bapak lan ibu guru Sedaya.
Ahmad jaya katresnan anggenipun nggulawentah dumateng kulo lan konco konco saengga kulo lan konco konco saged ngrampungake kewajiban ing pawiyatan punika. Kula kalian konco konco naming saget memuji, supados Sedaya amal lan kesaenan bapak lan ibu guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Kuasa.

Saha tansah pinaringan kasarasan kawilujengan lan katentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik adhik Sedaya.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

2. Pidato bahasa Jawa tetang Sumpah Pemuda

Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, bapak utawi ibu dwija saha karyawan sedaya ingkang kula trisnani.
Monggo kito sedoyo ngaturaken puji syukur gusti allah ingkang maha agung asah pinaringan nikmat sehat santoso selamat kepada kula saha panjenengan status pados ngelmu inggih menika taksih saged sinau ing pawiyatan kita menika sedoyo.

Kaping kalih anggenipun kula jumeneng ing ngarso panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah babagan sumpah pemuda.
Kula lan panjenengan sedaya tamtu sampun merdeka.

Mbok bilih ing tanggal 20 oktober meniko bangsa indonesia mengeti dinten sumpah pemuda inggih punika salah satunggaling kadadosan dinten sarta ingkang nedahaken, dateng kito sedoyo tiyang bilih bangsa indonesia nggadhahi semangat juang tinggi.

Wosipun sumpah saha prasetya menika kito sedoyo kulo lan panjenengan sedoyo saha dipunwarisaken dhumateng putra wayah lagu mujudaken sedaya gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah aripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja adil lan sejahtera.
Kita minangka siswa migunani kawajiban semangat mempeng anggenipun sinau.

Cekap sementenn ingkang saget kulo aturaken angganing babagan sumpah pemuda.
Cekap semanten mbok bilih wonten klentunipun kula aturaken agunging pangaksami.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu.

3. Pidato bahasa Jawa tentang kesehatan

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarrakatuh
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah. Saha Bapak lan Ibu guru. Para staff TU, para dwija, pangarsa ingkang kula urmati. Sesepuh lan pinisepuh ingkang kula urmati ugi. Saha adhik-adhik siswa SMP Negeri 1 Purbalingga ingkang kula tresnani lan kula banggaaken.

Namung sakderengipun, ingkang rumiyin sumonggo tansah ngunjukaken puji syukur wonten ngarsaning Gusti Allah SWT. Gusti ingkang Maha Agung. Injih awit panjenengan dalasan kula tasih pinaringaken kempal manunggal ing mriki wonten ing adicara “Wigatinipun Njagi Kasarasan Waja kagem Remaja” kanthi pinaringan kasarasan saha kawilujengan, Aamiin.

Para rawuh ingkang kinurmatan. Kula selaku Ketua Pengurus Besar Persatuan Dokter Gigi Indonesia, kawula jumeneng ing mriki badhe ngaturaken pinten-pinten bab ingkang wonten gandheng cenengipun kalih wigatinipun njagikasarasan waja kagem remaja khususipun. Njagi kasarasan waja punika wigati sanget. Kenging napa? Amargi ndadosaken tiyang saged anggadaih ambakan ingkang seger, eseman ingkang sae ugi waja ingkang bersih lan putih. Mboten sekeca bilih wonten remaja ingkang anggadaih waja ingkang kuning, ugi ngantos sami tanggal. Lelabuhanipun tiyang sepah kaliyan guru kagem remaja inggih punika kagem motivator lan maringi informasi babagan ngrawat waja ingkang sae. Sedaya remaja putra lan putri piyambak ingkang mandegani kagem njagi lan ngrawat waja.
Setunggaling tiyang diwastani sehat menawi kagungan waja lan tutuk ingkang sehat. Amargi kagem waja ingkang mboten sehat saged ndamel penyakit sanesipun. Riskesdas 2007 nglaporaken 75 persen penduduk Indonesia nglampaih kenging karies waja.

Adhik-adhik ingkang kula tresnani,
Wonten pinten-pinten bab ingkang sederhana ingkang saged adhik-adhik lampaih piyambak kangge ngrawat waja. Ingkang utami sami nyikat waja kaping kalih sedinten. Nyikat waja ngagem odol ingkang ngandung flouride lan mboten ngandung deterjen. Kapan wekdal ingkang tepat kagem nyikat waja? Saksampune maem ingkang pokok lan ajeng mapan sare.
Adhik-adhik ingkang kula tresnani,
Kula yakin adhik-adhik siswa SMP 1 Purbalingga mboten wonten ingkang ngrokok, aja nganti! Amargi ugi saged ngotorake waja lan saged ndamel kanker. Aja kaluwihen ngonsumsi anggur merah, panganan ingkang kathah gulanipun, panganan ingkang ngangge glepung, kopi lan teh. Amargi panganan lan nginuman niku ingkang adhik-adhik konsumsi kathah, saged ndamel risaking waja. Ngonsumsi buah lan sayur ingkang saged mbersihake waja, kaya apel, wortel, lan seledri. Jaganen kasarasan waja kita sedaya.

Kula kinten naming mekaten ingkang saget kula aturaken mugi-mugi sanget ndadosaken pepenget tumrap kita sedoyo lan ambok bilih agen kula matur katah kekuranganipun, kula nyuwun agenging pangapunten, ingkang mboten mranani ing panggalih. Ing lebet badan ingkang saras enten jiwa ingkang kiyat.
Wassalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarrakatuh

4. Pidato bahasa Jawa tentang kemerdekaan

ssalamuallaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan bapak RT 02 RW 01. Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.

Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.

Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang kaping sewidak pitu.

Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan. Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.
Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.

Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.

Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Contoh pidato bahasa Jawa mudah dipahami. 

5. Pidato bahasa Jawa tentang narkoba

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Puji saha syukur kita panjataken dumateng allah subhanahu wa ta’ala ingkang sampun daya rahmat lan hidayah ipin kagem kita sedaya. sahinggo kita sedaya saged makempal wonten ing papan punika kanthi keadaan sehat wal afiat.

Kenapa sarto salam mugi katetepna dumateng nabi muhammad sholallahu alaihi wassalam, lan sedaya matipun dumugi akhir zaman samangki amin.
Bapak ibu serta kaca-kanca ingkang kinurmatan. Wonten ing mriki kula badhe matur irah-irahan bahaya dipunagem narkoba serta obat-obatan ingkang dipun larang. Kito sedoyo sampun keterangan barito ing pawartos tivi sok sinten ingkang ginakaken narkoba bagi dingin bahayanipun narkoba kolo wau. Sawipun badhe ngrisak badan, kasehatan lan pikiran boten saged dicekek lan sanes-sanesipun gangguan liane.

Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tingali saking kesehatan banget meruhi aken dumateng badan kita sedaya. Amargi tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menika gampil kenging penyakit.

Awit meniko kulo ngajak dumateng para warga masyarakat supados ojo pisan-pisan nggunakake narkoba lan obat-obatan terlarang meningkat. Monggo kita sedaya gunakaken wekdal sae kagem hal-hal ingkang positif inggih punika maca buku, olah raga sepak bola lan sak panunggalane.

Bapak lan ibu kanca-kanca ingkang kinurmatan kanti pangertosan ingkang sampun kulo aturaken menika.

Kulo ngajak monggo kito tansah njaga badan kito ampun ngantos ngginakaken barang ingkang dipun larang agama lan pemerintah. Mugo-mugo kito sedoyo dados umat ipun ingkang becik.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

6. Pidato bahasa Jawa tentang kebersihan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Dumateng bapak kepala sekolah lan ibu guru ingkang kulo hormati.

Dhumateng sedaya kanca ingkang kula tresnani.

Monggo kita ucap puja lan puji syukur dhumateng gusti Allah Swt. ingkang sampun maringi karunia dumateng kita sedaya saenggo saged makempal kanthi lancar.

Hadirin ingkang kulo hormati.
Kita sedaya perlu bahan utawi panggenan. Amargi lingkungan utawi panggenan menika papan kangge nggantungaken urip menungsa.

Saenggo, kita sedaya wajib njaga lingkungan supados bumi saged dados panggenan urip ingkang kapenak.

Hadirin ingkang kula hormati.
Kebersihan lingkungan yaiku salah sepindah cara kang apik kangge nyegah penyakit ingkang ngintai rikala musim udan.

Sumonggo, kira sregep njaga kebersihan lingkungan.
Cekap semanten kula aturaken.

Kula nyuwun pangapunten umpami wonten klenta-klentunipun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

7. Pidato bahasa Jawa tentang pendidikan

Assalamuala’ikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Sedoya pinarak ingkang bapak ibu lan secara sedaya ingkang kinurmatan. Ten dalem dinten ingkang lan iki monggo sedoyo sareng – sareng ngaturaken raos syukur dhumateng gusti Allah SWT ingkang maha agung yen sampun maringi nikmat lan rahmat sahinggo kito sedoyo wekdal punika saget kempal teng mriki panggenan kaperlu ngengeti pendidikan nasional.

Sanget perlu kito sedoyo sumerapi pemerintah bangsa Indonesia lan ing kitabipun undang – undang dasar 1945 sampun wonten program pajak belajar kangge sedoyo wargo milahi umur pitung tahun. Uga meniko kito sumerep ing dalem agami kita islam ingkang sados lami ngantos pinten pinten 4 meniko.
Wekdal nabi tasih gesang nempel wonten program utawi perintah wajib belajar kagem umatipun. Perkara niku dipa sepatu seluruh umat beliau sampun dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan di sepatu mobilio ingkang apa kang sedya. Mboten dados umat ingkang bodoh. Menika uga kado pengendakane nabi dalem riwayat ibnu abdil barr.

Golek ilmu niku senajan ing negeri cina. Samen terne golek ilmu menika lampu di wajibno ingatasi saben – saben umat islam. Lan sak meter malaikat bakal merendah sayap kangge para umat ingkang golek ilmu sebab arti marang penggawean iku.

Sedoyo hadirin ingkang kinurmatan. Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan nasional punika,monggo kito sedaya kula lan panjenengan ningkataken malih anggenipun kito pados ilmu. Nopo niku arupi ilmu agami menawi ilmu pengetahuan. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang kaliyan akhirat.

Cukup sementen ingkang saged kula aturaken, mbok bilih enten kalepatan kula nyuwun agunging pangapura.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

8. Pidato bahasa Jawa tentang pernikahan

Assalamualaikum Wr. Wb.
Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati.

Soho poro tamu undangan walimatul urs lan sedoyo pengantar penganten ingkang kulo hormati.

Wonten ing mriki kawulo minongko wakil sangking tiyang sepuh ( wali ) kemanten jaler inggih puniko Bpk. Tasroni sekeluargo, soho minongko wakil sedoyo pengantar kemanten sangking desa Karangdempel, keparengo matur sepindah bilih sowan kulo sak rombongan mulai bidal sangking desa Karangdempel ngantos dumugi dusun Sikancil mriki Alhamdulillah bilih kawontenan kulo sak rombongan wonten ing perjalanan dipun paringi wilujeng boten wonten setunggal alangan punopo.

Kaping kalihipun kawulo matur nuwun sanget dumateng Bapak H. Tuban sekeluargo, dene menopo kulo sak rombongan tansah dipun sediyakaken papan pinarakan soho hidangan-hidangan ingkang tansah ngremenaken dumateng manah kawulo, boten sanes mugi-mugi sedoyo meniko tansah ndadosno amal ingkang dipun trami wonten ngarsanipun Allah SWT. Amin..

Kaping tigonipun, keranten Bpk. ( wali ) meniko wahu boten saget ngeteraken utawi nyowanaken putri kakungipun dateng dalem mriki, keranten inggih taksih wonten kerepotan ingkang boten saget dipun tinggal.

Poro rawuh ingkang kulo hormati.
Tegesipun moso borongo anggenipun ndidik soho ngramut kados pundhi amrih sahene. Keranten Mas ( suami ) inggih ngoten meniko kawontenanipun taksih joko thir dereng nate omah-omah pramilo menawi wonten dalem mriki Mas (suami) katah klenta-klentunipun kulo suwun supados dipun arahaken amrih sahenipun supados anggenipun jejodohan saget tentrem bahagia dunnyo akherat.

Ingkang terakhir, mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno sak cekapipun kawulo sak rombongan mangke ugi nyuwun pamit, mboten sanes ingih nyuwun tamahipun pangestu, mugi-mugi kulo sak rombongan wangsul sangking dalem mriki ngantos dumugi griyonipun piyambak-piyambak tansah dipun paringono aman wilujeng boten wonten setunggal alangan punopo. Amin..
Wassalamualaikum Wr. Wb.

9. Pidato bahasa Jawa tentang khitanan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun para pepundhen, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak Ibu para rawuh sedaya ingkang kinurmatan. Keparenga kula semela atur munggel kamardikan panjenengan ingkang nembe sekeca wawan pangandikan.

Kula minangka tetalanging atur, matur ing ngarsanipun para rawuh bilih saking keparengipun Gusti, dene ing wekdal menika saged nindakaken pawiwahan sunatan putranipun ingkang nama Satria Putra Salajengipun Bapak Lukman sakulawarga ngaturaken pambagya sugeng rawuh dhumateng para tamu lan matur nuwun, dene panjenengan sami sampun nglonggaraken wekdal saha penggalih rawuh ing pawiwahan menika.

Salajengipun kulawarga Bapak Lukman ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang, tangga tepalih tuwin para mudha ingkang kanthi rila legawa paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon Bapak Lukman sakulawarga mboten saged ngaturi piwales menapa-menapa, namung saged ngaturaken agunging panuwun mugi Gusti Ingkang Akarya Jagad ingkang badhe paring piwales ingkang matikel-tikel kesaenan panjenengan wau.

Kaping sekawan, Bapak Lukman sekaliyan nyuwun donga pangestu saking para tamu kangge putranipun ingkang dipunsunahaken inggih menika Setia Putra ing dalem ngriki. Mugi-mugi enggal pulih kasarasanipun lan ing tembe sageda dados putra ingkang bekti dhateng tiyang sepuh lan murakabi dhateng bebrayan kathah. Amin.

Para rawuh ingkang minulya, pungkasaning atur saking Bapak Lukman sakulawarga menawi anggenipun nanggapi rawuh panjenengan sedaya kirang mranani penggalih, kersa panjenengan para rawuh paring sih samodra pangaksami. Saking kula pribadi kathah lepat saha kirang trapsila anggen kula matur, kula nyuwun agenging pangapunten, matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.