Contoh pidato bahasa Jawa, mudah dan ringkas

1. Pidato bahasa Jawa tentang perpisahan

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Nuwun bapak utawi ibu kepala sekolah ingkang Kula hurmati, undangan bapak utawi ibu guru Saha karyawan ingkang kinurmatan. Rencang kelas ingkang kulo tresnani lan kulo banggaken. Monggo kito panjataken dalemipun Gusti Allah ingkang maha agung.

Awit ing wekdal meniko kito taksih diparingi pinaringan sehat sehingga ing dalem puniko Kito saget makempal kanthi pinaringan sehat wal afiat. Kula minangka wakil saking kelas 7 gunging panuwun tanpa upami kangen bapak lan ibu guru Sedaya.
Ahmad jaya katresnan anggenipun nggulawentah dumateng kulo lan konco konco saengga kulo lan konco konco saged ngrampungake kewajiban ing pawiyatan punika. Kula kalian konco konco naming saget memuji, supados Sedaya amal lan kesaenan bapak lan ibu guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Kuasa.

Saha tansah pinaringan kasarasan kawilujengan lan katentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik adhik Sedaya.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

2. Pidato bahasa Jawa tetang Sumpah Pemuda

Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, bapak utawi ibu dwija saha karyawan sedaya ingkang kula trisnani.
Monggo kito sedoyo ngaturaken puji syukur gusti allah ingkang maha agung asah pinaringan nikmat sehat santoso selamat kepada kula saha panjenengan status pados ngelmu inggih menika taksih saged sinau ing pawiyatan kita menika sedoyo.

Kaping kalih anggenipun kula jumeneng ing ngarso panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah babagan sumpah pemuda.
Kula lan panjenengan sedaya tamtu sampun merdeka.

Mbok bilih ing tanggal 20 oktober meniko bangsa indonesia mengeti dinten sumpah pemuda inggih punika salah satunggaling kadadosan dinten sarta ingkang nedahaken, dateng kito sedoyo tiyang bilih bangsa indonesia nggadhahi semangat juang tinggi.

Wosipun sumpah saha prasetya menika kito sedoyo kulo lan panjenengan sedoyo saha dipunwarisaken dhumateng putra wayah lagu mujudaken sedaya gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah aripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja adil lan sejahtera.
Kita minangka siswa migunani kawajiban semangat mempeng anggenipun sinau.

Cekap sementenn ingkang saget kulo aturaken angganing babagan sumpah pemuda.
Cekap semanten mbok bilih wonten klentunipun kula aturaken agunging pangaksami.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu.

3. Pidato bahasa Jawa tentang kesehatan

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarrakatuh
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah. Saha Bapak lan Ibu guru. Para staff TU, para dwija, pangarsa ingkang kula urmati. Sesepuh lan pinisepuh ingkang kula urmati ugi. Saha adhik-adhik siswa SMP Negeri 1 Purbalingga ingkang kula tresnani lan kula banggaaken.

Namung sakderengipun, ingkang rumiyin sumonggo tansah ngunjukaken puji syukur wonten ngarsaning Gusti Allah SWT. Gusti ingkang Maha Agung. Injih awit panjenengan dalasan kula tasih pinaringaken kempal manunggal ing mriki wonten ing adicara “Wigatinipun Njagi Kasarasan Waja kagem Remaja” kanthi pinaringan kasarasan saha kawilujengan, Aamiin.

Para rawuh ingkang kinurmatan. Kula selaku Ketua Pengurus Besar Persatuan Dokter Gigi Indonesia, kawula jumeneng ing mriki badhe ngaturaken pinten-pinten bab ingkang wonten gandheng cenengipun kalih wigatinipun njagikasarasan waja kagem remaja khususipun. Njagi kasarasan waja punika wigati sanget. Kenging napa? Amargi ndadosaken tiyang saged anggadaih ambakan ingkang seger, eseman ingkang sae ugi waja ingkang bersih lan putih. Mboten sekeca bilih wonten remaja ingkang anggadaih waja ingkang kuning, ugi ngantos sami tanggal. Lelabuhanipun tiyang sepah kaliyan guru kagem remaja inggih punika kagem motivator lan maringi informasi babagan ngrawat waja ingkang sae. Sedaya remaja putra lan putri piyambak ingkang mandegani kagem njagi lan ngrawat waja.
Setunggaling tiyang diwastani sehat menawi kagungan waja lan tutuk ingkang sehat. Amargi kagem waja ingkang mboten sehat saged ndamel penyakit sanesipun. Riskesdas 2007 nglaporaken 75 persen penduduk Indonesia nglampaih kenging karies waja.

Adhik-adhik ingkang kula tresnani,
Wonten pinten-pinten bab ingkang sederhana ingkang saged adhik-adhik lampaih piyambak kangge ngrawat waja. Ingkang utami sami nyikat waja kaping kalih sedinten. Nyikat waja ngagem odol ingkang ngandung flouride lan mboten ngandung deterjen. Kapan wekdal ingkang tepat kagem nyikat waja? Saksampune maem ingkang pokok lan ajeng mapan sare.
Adhik-adhik ingkang kula tresnani,
Kula yakin adhik-adhik siswa SMP 1 Purbalingga mboten wonten ingkang ngrokok, aja nganti! Amargi ugi saged ngotorake waja lan saged ndamel kanker. Aja kaluwihen ngonsumsi anggur merah, panganan ingkang kathah gulanipun, panganan ingkang ngangge glepung, kopi lan teh. Amargi panganan lan nginuman niku ingkang adhik-adhik konsumsi kathah, saged ndamel risaking waja. Ngonsumsi buah lan sayur ingkang saged mbersihake waja, kaya apel, wortel, lan seledri. Jaganen kasarasan waja kita sedaya.

Kula kinten naming mekaten ingkang saget kula aturaken mugi-mugi sanget ndadosaken pepenget tumrap kita sedoyo lan ambok bilih agen kula matur katah kekuranganipun, kula nyuwun agenging pangapunten, ingkang mboten mranani ing panggalih. Ing lebet badan ingkang saras enten jiwa ingkang kiyat.
Wassalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarrakatuh

4. Pidato bahasa Jawa tentang kemerdekaan

ssalamuallaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan bapak RT 02 RW 01. Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.

Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.

Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang kaping sewidak pitu.

Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan. Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.
Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.

Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.

Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.