Contoh pacelathon bahasa Jawa 

1. Ranti: "Assalamualaikum, Bim."

Bimo: "Wa'alaikumussalam, Ran. Mau kowe seko endi?"

Ranti: "Aku mau seko toko buku."

Bimo: "Kowe tuku buku opo?"

Ranti: "Aku tuku buku SBMPTN, gawe persiapan tes."

Bimo: "Wah, rajin banget kowe. Hehehe."

Ranti: "Yo tuku buku gawe sinau, itung-itung gawe ngisi waktu luang to. Emang kowe ora meh sinau gawe persiapan tes, Bim?"

Bimo: "Aku tak sesok wae, soale aku durung nyuwun ibukku duit nggo tuku buku."

Ranti: "Oalah, yowes nek ngono."

Bimo: "Kowe meh sinau mulai kapan, Ran?"

Ranti: "Mulai sesok, soale aku dino iki meh garap tugas seko Bu Indah."

Bimo: "Okei. Sesok aku yo tak mulai sinau nek wes tuku buku."

Ranti: "Okei, Bim."

 

2. Doni: "Hei, Ris, suwe ra ketemu, ya."

Riska: "Ya, wis suwe banget, Don."

Doni: "Wis pirang taun awakedhewe ra ketemu sawise lulus SMA ya, Ris?"

Riska: "Kira-kira wis telung taun lah."

Doni: "Laa..telung taun iki kowe neng ngendi, Ris?"

Riska: "Aku lagi kuliah nang ISI Jogja, Don."

Doni: "Njupuk jurusan apa kowe ki?"

Riska: "Aku njupuk jurusan Tari, Don."

Doni: "Kowe mesti bakal gampang golek gaweyan kanthi jurusan iku, Ris."

Riska: "Ya, maturnuwun sanget Don. Muga-muga wae aku bisa entuk gaweyan sing apik mengko."

 

3. Joko: "Ndra aku kok ora tau kepethuk bapakmu limang taun iki, piye kabare?"

Indra: "Bapak lagi ora sehat, Jok."

Joko: "Lha ya gene bapakmu?"

Indra: "Bapak wis krasa saya lungkrah wiwit setaun kepungkur."

Joko: "Merga yuswane sing wis sepuh apa merga gerah?"

Indra: "Mbok menawa loro-lorone. Dokter ora bisa nemtokake penyakite bapak nanging yen dakpikir-pikir mbok menawa bapak ora njaga kesehatane kanthi apik pas isih enom."

Joko: "Ya nggenah wae. Njaga kesehatan wiwit awake dhewe isih enom kuwi penting banget."

Indra: "Yakuwi sing kerep dinasihatake bapak marang aku."

Joko: "Muga-muga bapakmu bisa cepet pulih maneh. Salam kanggo bapakmu ya!"

Indra: "Maturnuwun. Mengko dakwelingke salammu marang bapak."

 

4. Tino: "Mbah, badhe nyuwun priksa!"

Embah: "Arep takon apa to, Le?"

Tino: "Ringgit, mbah!"

Embah: "Apa ana sekolahan kowe diwulang wayang?"

Tino: "Inggih, mbah. Kula remen sanget cariyos ringgit, kok."

Embah: "Apa arep kepengin dadi dhalang to, le?"

Tino: "Pangestunipun, Mbah. Kula gadhah gegayuhan kados Gathot putranipun guru kula. Saweg kelas sekawan sampun pinter ndhalang."

Embah: "Sing arep kotakokake njur apa to, le?"

Tino: "Punika le, Mbah. Pandhawa punika rak gangsal. Cariyosipun, Raden Janaka punika ampuh piyambak. Punapa leres, Mbah?"

Embah: "Ora ngono, Le. Pandhawa kuwi ampuh kabeh. Mula nalika perang Baratayuda, Pandhawa menang."

Tino: "Nalika Baratayuda, raden Janaka punapa inggih perang, Mbah?"

Embah: "Iya."

 

5. Rani: "Sugeng enjang, Bu Eti."

Bu Eti: "Sugeng enjang. Enek apa, Nduk?"

Rani: "Tugas matematika menika menapa siyos ditumpuk dinten niki?"

Bu Eti: "Iya, Nduk, nanging ibu ora bisa koreksi dina iki."

Rani: "Wonten menapa, Bu?"

Bu Eti: "Ibu dina iki ana jadwal rapat neng kantor Diknas, dadi ibu nyuwun tulung tugas kanca-kancamu ditumpuk sik, ya."

Rani: "Oh, inggih, Bu."

Bu Eti: "Tulung ditumpuk urut saka nomer presensi awal, nek wis tumpuken ning nduwur mejane ibu neng kantor."

Rani: "Nggih, Bu. Berarti ulangan dinten niki nggih mboten siyos?"

Bu Eti: "Iya, ulangan tak ganti minggu ngarep, ya."

Rani: "Nggih, bu. Punapa wonten bab ingkang kula saget biyantu malih, Bu?"

Bu Eti: "Wis kuwi wae. Tulung sesok bar bali sekolah ajaken kancamu nggo ngewangi ibu ngoreksi tugas matematika."

Rani: "Inggih, Bu. Mangke kula ajak kanca-kanca."

Bu Eti: "Matur nuwun ya, Le."

Rani: "Inggih, sami-sami, Bu."

 

6. Intan: "Pak, kulo badhe tindak."

Paijo: "Arep nang endi, Nduk?"

Intan: "Nggene Dita pak, badhe ngrampungaken PR kolo wingi."

Paijo: "Lhoh, PRmu wingi opo ora wis di warah i mbak to nduk?"

Intan: "Nggeh pak, tapi kulo badhe kelompok, dawuh nipun Bu Guru wingi sinau kelompok becik dhamel sinau."

Pijo: "Oalah nduk, maksud e gurumu iku apik, tapi nek kelompok yahmene iki yo ora pantes. wes arep ashar kok lagi kelompok ? Sinau kuwi ora kudu karo kanca. wong ya wes enek internet, iso sms, saiki kan pendidikan wes ora kaya biyen. saiki wes maju."

Intan: "Lha kula sampun janjian kaleh kanca-kanca pak"

Paijo: "Ya di sms, nek kelompok e ojo sore-sore ngene iki, besuk ae jam 2."

Intan: "Nggeh sampun, pak."

 

7. Ninda: "Hei, Sidik."

Sidik: "Hei, Ninda."

Ninda: "Kowe lagi ngapa, Dik?"

Sidik: "Aku lagi nandur kembang ki, Nda. Aku njaluk tulung gawakna pot kembang sing neng kana kae isa ora, Nda?"

Ninda: "Oh, iya, Dik, ( Ninda nggawa pot kembange)...Dik, iki pot kembange."

Sidik: "Maturnuwun ya, Nda."

Ninda: "Padha-padha, Dik. Kembang-kembang iki apik tenan ya. Apa iki kabeh duwekmu, Dik?"

Sidik: "Iya. Bapakku mundhutake kembang-kembang iki kabeh kanggo aku, Nda."

Ninda: "Tak ewangi nyirami kembange ya, Dik?"

Sidik: "Wis ora usah, Nda, malah dadi ngrepotake awakmu."

Ninda: "Ora apa-apa, Dik. Aku ki malah seneng lho."

Sidik: "Ya wis, Nda. Kae nek njupuk banyu neng kran wetan kae ya."

Ninda: "Siap, Dik."

 

Penulis: mg/Feni Listiyani