Brilio.net - Pantun seringkali menjadi hiburan tersendiri lewat kata-katanya yang enak didengar. Ada berbagai jenis pantun yang populer di masyarakat, diantaranya pantun nasihat, teka-teki, cinta hingga jenaka. Meski disebut puisi lama, pantun masih eksis hingga saat ini.

Tak hanya dalam bahasa Indonesia, pantun juga bisa disampaikan dengan bahasa daerah, seperti bahasa Jawa. Pantun di Jawa ini sering disebut sebagai parikan. Seperti pantun pada umumnya, parikan pun juga terdapat beberapa jenis, salah satunya parikan lucu.

Pantun atau parikan lucu bahasa Jawa bisa kamu kirimkan ke teman. Entah untuk menyindir, menyapa, atau hanya sekedar saling menghibur. Dijamin suasana akan menjadi cair, menyenangkan, kocak, dan bikin makin akrab.

Selain itu, pantun lucu bahasa Jawa untuk teman ini juga bisa dijadikan status media sosial. Nah, jika kamu sedang mencari referensi pantun lucu bahasa Jawa untuk teman, berikut brilio.net rangkum kumpulan pantunnya dari berbagai sumber, Senin (13/9).

Pantun lucu bahasa Jawa untuk teman © berbagai sumber

Instagram/@diamputdotid

1. Godong tales godong duren
Chat ora dibales padahal online

2. Nang Magelang ono Boroudur
Nek ra disayang yowes mundur

3. Godong klapa jenenge klari
Arep nyapa wedi dicueki

4. Sego liwet lawuhe jlantah
Sego rawon kurang uyah
Ampun tanglet kapan nikah
Pacar mawon kulo dereng gadah

5. Esuk-esuk cuacane cerah
Golet kerja sing barokah
Kancane wis pada nikah
Lha aku nglamar wae susah

6. Kitab kuning kitabe santri
Tahu kuning tahu Kediri
Ayo santri seng sregep ngaji
Sopo ngerti oleh anake kyai

7. Wedang kopi telo rambat
Dagangan sepi ojo sambat

8. Jarik lurik motife batik
Arep di gawe acara kondangan
Ayo konco tumindak seng becik
Mugo ae oleh ganjaran

9. Soko mbabat nang Sepanjang
Ning pinggir dalan akeh kuli
Tetep semangat PPKM di perpanjang
Seng penting awak dewe iso adaptasi

10. Godhong krambil jenenge blarak
Tiwas digagas tumindake sengak

11. Mangan onde-onde campur susu
Urip digawe santai rasah grusa grusu

12. Nyekel endas kiwo lan tengen
Tambah di gagas malah tambah kangen

13. Tuku tumbar karo kurmo
Arep bodo gae kupat
Kudu sabar lan nerimo
Nek wis jodo ra bakal mlumpat

14. Tuku gulo neng Pasar Wage
Mangan acar cacahe gangsal
Aku gelo marang kowe
Bareng duwe pacar aku ditinggal

15. Tuku kloso ning Ponorogo
Digelar ombo ning ngisor gapuro
Arep poso kurang patang dino
Yen duwe salah kulo nyuwun ngapuro

16. Iwak kotok iwak leleh
Wetengku wes ngeleh

17. Ning kali mangan gedang
Ojo lali bayar utang

18. Enek kobis dipangan dewe
Tonggo omah ngekeki waluh
Aku wis apal ro kowe
Morone gur nek butuh

19. Ono kalen kecemplungan telek
Timbang balen mending golek

20. Tuku donat wadahe keranjang kawat Semangat
Jumat ojo nganti sekarat

21. Ana wedhus ajar nglangi
Rasah adus seng penting wangi

22. Ngitung siji mung tekan telu
Kowe ganteng tapi kok durung payu?

23. Angge-angge orong-orong
Sing pinter PHP dandane moblong-moblong

24. Numpak andong asepe metu bokong
Ojo plenggang-plenggong mundak kaya grandong

25. Mari rong puluh
Iku banur selikur
Urip ojo kakean mengeluh
Nanging okeho bersyukur

26. Ketupat kecemplung santen
Menawi lepat nyuwun pangaputen

27. Golek banyu tekan Jerman
Ora kudu ayu seng penting nyaman

28. Kaos telu warnane polos
Aku bocahmu bos!

29. Cak Dikin nyumet lilin
Kancaku kawin aku kepingin

30. Ono cicak nguntal boyo
Dadi anak kudu bakti marang wong tuwo

31. Tuko koco tuku sandal
Dadi konco mbok sing modal

32. Mancing undur-undur olih sepuluh
Mlayu ngalor kolore pedhot
Sopo sing nandur bakale ngunduh
Ngunduh ora nandur jenenge codot

33. Melayu melayu karo ponakan
Mancing iwak nang kali serayu
Ngerti konco lagi pacaran
Rupa pas-pasan kok malah payu

34. Weruh coro nang ngisor runtah
Senajan jomblo sing penting atine bungah

35. Mangan roti dicampur kluwo
Gusti paringono jodoh kagem rencang kulo

36. Tuku bungkusan njerone jajanan
Wes kadung nyaman jebul mung konconan

37. Mangan uyah sing beryodium
Senaja urip susah tetep tersenyum

38. Mancing lele oleh telu
Digoreng enak nganggo bumbu
Nek kowe pancen kancaku
Aku tak nyilih duitmu

39. Mangan sego lawuhe teri
Ati gelo bar ganti olih

40. Ngombe susu tambah puthu
Yen sirahmu ngelu ayo podo guyu

Pantun lucu bahasa Jawa untuk teman, kocak.

Pantun lucu bahasa Jawa untuk teman © berbagai sumber

foto: freepik.com

41. Lombok abang dicaplok semut
Mbok ben luput penting aku imut

42. Suwe ora jamu
Jamu godhong suket
Suwe ora nyawang rupamu
Nyawang pisan malah mumet

43. Jajan sekoteng no prapatan karang ayu
Opo artine gantheng nek ora payu-payu

44. Tuku sate lodeh dipangan karo tempe akeh
Pede yo oleh ning ojo karo ndobleh

45. Nyangking ember kiwo tengen
Lungguh jejer tombo kangen

46. Omah genteng saponono
Abot enteng lakonono

47. Ono kewan ketatap koco
Yen wes mangan lali karo konco

48. Sambel trasi wadahe besek
Awake seksi irunge pesek

49. Nongko yo nongko
Nek mateng yo legi
Konco yo konco
Nek seneng yo dadi

50. Gresik - Suroboyo
Kalah disik ojo ngresulo

51. Mangkat nang sawah sangune soto
Ngewangi wegah doyane maido

52. Lemah teles
Gusti Allah sing bales

53. Montor Jepang mesine ulet
Ngutangi gampang nagihe sing mbulet

54. Ning pasar turi tuku sandal
Pengen rabi tapi rung duwe modal

55. Ning pantai Klayar mampir Wonogiri
Atiku Ambyar ditinggal rabi

56. Mlaku-mlaku wektu awan
Niatku guyonan koe malah seriusan

57. Nginum dawet neng ngisor uwit
Sirahe mumet ora due duit

58. Cagake dilas karo diamplas
Awake waras artone telas

59. Nutup lawang jendela mengo
Kadung sayang ditinggal lungo

60. Neng pasar tuku klopo
Seng dodol jenenge mbah no
Aku jomblo ora popo
Senajan jomblo akeh seng tresno

61. Paijo numpak jaran
Ora kerjo ora jajan

62. Ngoncek telo metune tlutuh
Golek konco nek ono butuh

63. Ana kodok mangan tempe
Omong tok ora ono hasile

64. Onok kodok mangan pete
Gaya tok ora ono duwite

65. Genteng omah ana regete
Enteng abot ojo dilokne

66. Tut wuri handayani
Kowe ngentut ambune ra nguati

67. Ono nongko teko Bojonegoro
Dadi manungso ojo lali tepa seliro

68. Bayang mbale pakonono
Pager kawat pinggir embong
Sembarang gawe lakonono
Nek gak kuat yo gotong royong

69. Mangan suwiwi cedake mowo
Konco siji gawe nelongso

70. Isuk-isuk mangan tempe
Ndelok uripmu kok ngono-ngono wae

71. Tuku ketan ning Pasar Mendak
Balikan karo mantan opo kepenak?

72. Sego kuning ngombe ne kopi
Pengene nyanding jebule mung ngimpi

73. Becik ketitik olo ketoro
Bojo ketikung karo konco

74. Mlaku mlaku ning Sidoarjo
Sing ayu jebul bojone konco

75. Mangan sego lawuhe teri
Ra kuat bondo ojo meri

76. Wedak bayi dinggo pisan
Luwih penak ngopi karo rasan-rasan

77. Bekicot mangan pari
Nyocot terus gak mari mari

78. Ngisor koco ono poster Katy Perry
Jare konco kok nusuk seko mburi

79. Roti kukus tuku ning Medan
Ning putus cinta ojo edan

80. Kroso anyep labur gondopuro
Kembang bakung onone ning oro-oro
Yo nek wis manteb ndang lamaro
Timbang ditikung konco, atimu loro

81. Awan wengi dodolan tomat
Ndang rabi o delo meneh kiamat

82. Tuku tahu wadahi tremos
Seko mburi ayu seko ngarep mrongos

83. Isuk ngombe kopi
Awane mangan roti
Bojomu ora diopeni
Bojone konco malah dichatti

84. Adigung adiguno
Aku ketikung digondol konco

85. Numpak kapal tekan Maluku
Kowe nakal ojo ngajak aku